Friday, December 17, 2010

Serat Ulem



From: dewanto

Katur dumateng Kangmas lan Mbakyu Forum Alumni

Keparenga dalem nyigeg sakedap kamardikan ndikan panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken pinten-pinten perkawis:

Sepisan
Salam taklim dalem aturaken kagem Kangmas lan Mbakyu sedaya, mugi kasarasan lan kasantosan tansah hangrungkebi panjenengan dalah kulawarga.

Kaping kalih
Gegandengan kaliyan wisuda palakrami Chintami Edwiennada kaliyan Sridewanto Edi Pinuji mbenjang:

Dinten: Sabtu Pahing, 25 Desember 2010
Tabuh: 11.00-13.00
Papan: Halaman Akademi Kebidanan Magelang, Jln. Perintis Kemerdekaan, No. 11 Magelang,

Pramila hambok menawi Kangmas lan Mbakyu kagungan kalodhangan wekdal, dalem aturi kersaa tindak wonten ing pahargyan adicara punika. Wondene mboten, dalem suwun kersaa njengandika paring do'a pangestu murih kulawarga enggal dalem mbenjang supados saged langgeng, sakinah, mawadah warahmah ngantos kaki-kaki lan nini-nini. Amin. 

Cekap semanten atur kawula, nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten klenta-klentunipun atur lan maturnuwun ingkang tanpa pepindhan. 

Dewanto

--

No comments:

Post a Comment