Friday, May 7, 2010

Ilmu Kucing

From: Suhardono AR

Mungkin wis pada ngerti yen aku sok makani kucing liar ning garasi ngomah
sing terbuka merga lawange wis tak dol. Maune sih merga mesake wae, ning
akhire kok dadi keterusen. Padahal aku sakjane ora pati seneng ngingu kewan,
pertama mesake merga 'ngurung' kedua aku wegah yen dadi 'keiket' lan ora isa
bebas dolan-dolan ninggalke ngomah. Makane sing tak pakani ya mung kucing
liar.

Merga kucing iku pernah kloloden eri iwak, aku kepeksa kudu mresto iwak sing
nggo mangan kucing iku. He…he..he..he.. keiket meneh! Padahal sing duwe omah
wae malah ora tahu mangan prestoan je.

Sejak itu, kucing-kucing iku geleme mung mangan campuran sega mbek iwak
cuwik presto. Percaya ora, yen tak wenehi ati sapi mentah lan daging mentah
wae malah ditinggal lunga? Kucing kok ora doyan daging…

Wingi, nalika mudik aku semune ya rada mesakke, gek kucing-kucing iku arep
mangan apa? Gek piye ngono? Trus arep pada dolan ning endi? Aja-aja malah
digebuki uwong? Ning ya piye meneh, tak tegak-tegake ninggal kucing-kucing
iku. Walau dengan hati penuh pasrah tak tega… karena lebaran segera tiba.

Ternyata, nalika aku mulih seka mudik, kucing-kucing iku tak sekurus yang
aku bayangkan. Sepertinya dia enjoy-enjoy saja. Wah salah tebak aku! Malah,
ana siji sing mbiyen ora pati tak senengi ning akhire ngluluhke atiku merga
pinter dewe, wis njemput seka gerbang perumahan. Begitu weruh montorku
langsung mlayu ndisiki, trus ngumpet ning ngisor mobil tangga sing lagi
parkir, nunggoni kanti ketip-ketip. Begitu aku wis nglebokke montor lan
mateni mesin deweke njur njrantal nunggoni ning ngarep lawang.

Ternyata, masiya aku ora makani, Gusti Alloh tetep menehi rejeki marang
kucing-kucing iku. Mbuh piye carane. Aku wis salah duga, sok menganggap
terlalu penting kanggo kucing-kucing iku.

Intine, aku mung arep ngomong, aja sok merasa penting merga menehi rejeki
ning liyan, merga menehi gaweyan ning liyan, merga wis mbantu ning liyan.
Awak dewe mung sarana, lantaran wae, sing duwe rejeki tetep Alloh SWT.

Makane, aja sok ngancam anak dengan kalimat,"Kalau nggak nurut sama orang
tua nggak usah makan! Kamu kalau nggak ikut orang tua mau makan apa? Aku
sudah nyari rejeki untukmu, kamu tinggal sekolah saja masa nggak bisa? Dasar
anak gendruwo!" Halah! Coba delok-en, anak yatim (malah yatim piyatu) iku
apa ya langsung melu mati rikala ditinggal bapa-biyunge? Ora tha? Deweke rak
ya tetep isih urip tha? Tetep entuk rejeki tha? Mungkin liwat pak de/bu de,
mbah, om/tante, atau via panti asuhan. Apapun jalannya dia tetap bisa
mendapatkan rejekinya.

Wis ah, wis ploooong, emange tak pikiri iki tak tulis ning ruang privat atau
ruang umum… sing ora seneng rak gari delete… he…he..he..he… ternyata asal
njeplak iku sok-sok ya penak....

No comments:

Post a Comment