Monday, May 7, 2012

Enjepmu

Enjepmu
Suwe ora ketemu, cah ayu
Gawe kangening  atiku
Taksuwun rinten lan dalu
Pamujiku manggiha rahayu

Lha piye genah-genahe, yo kene
Takanti-anti kabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan sak solah bawane

Reff:
Nadyan mung krungu swarane
Apa maneh yen nyawang enjepe
Bebasan segara madu
Kalah manis..sing manis pancen enjepmu

Iba bungahing ati, cah manis
Antuk nugrahaning Gusti
Ora mung jroning impenku
Bisa nyanding sliramu, cah ayu

--

No comments:

Post a Comment