Friday, September 14, 2012

Pitutur : 11

Wong iku yen wis kasokan kabecikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakehing pakartine lumrahe banjur ora kenceng lan resik. Mulane tangeh lamun yen bisa njaga jejeging adil, awit lesane kasumpetan, mripate bereng, kupinge budheg. Atine dadi mati, angel weruh ing bebener. Mula saka iku aja gumampang nampa kabecikane liyan, samangsa tujuwane ngarah marang penggawe kang nalisir saka bebener.

 

 

 

No comments:

Post a Comment